B. Daerah

Pertanyaan

Wong sing ngarang geguritan kita kudu diaran

1 Jawaban

  • Geguritan yaiku seni sastra puisi ingkang dipun-serat ngagem bahasa jawa. Geguritan pun wonten wiwit jaman kerajaan. Isinipun inggih punika wangun sindiran kagem poro rojo. Tiyang ingkang nulis geguritan punika diarani Penggurit.

    Penggurit ngagem basa sastra jawa ingkang dhuwur lan majasipun kathah. Kathah tiyang mboten ngertos manawi disindir ngagem geguritan punika sangking dhuwure basanipun.

    Anggenipun nyerat geguritan inggih sami kaliyan nyerat puisi moderen. Geguritan biasanipun digawe manut pengalaman si penggurit. Saben penggurit gadah ciri khas piyambak-piyambak kagem nyerat geguritan punika. Basanipun bebas, mboten mesti ngagem basa jawa kromo, sing penting milih ukoro ingkang cocok.

Pertanyaan Lainnya