B. Daerah

Pertanyaan

andharan apa wae sing kudu di gatekake jroning maca geguritan

1 Jawaban

  • Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.

    Penjelasane yaiku :

    1. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.

    2. Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi kudu dilarasake karo isine sesorah.

    3. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu, seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).

    4. Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora ketok digawe - gawe.

Pertanyaan Lainnya